Rabu, 14 Maret 2012

Serat utawa Layang Bahasa Jawa

Layang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalané.
Warna-warnane layang:
  • Layang biwara.
  • Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
  • Layang Dhawuh.
  • Layang Ulem.
  • Layang Lelayu,
  • Layang Pribadi lan sapanunggalané.

 Perangané layang

1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé layang.
2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.
3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lan katentreman.
4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.
5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.
6. Titi mangsa (titi wanci).
7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.
8. Tapak asma.
Adangiyah nelakake , unggah-ungguhing layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé. 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha. 7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamané : marang ipene kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

 Tuladha

Gatekna tuladha layang ing ngisor iki:
Salatiga, 10 januari 2009
Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen
Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.
Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.
Ingkang wayah Sukartini

1 komentar: